JK Javanese
-
18 Juni 2017
SELLY186 tulis:
Selamat siang lur..
Tuhan memberkati^^
Idem
-
18 Juni 2017
SELLY186 tulis:
Sing iki komandan opo hamdan lur..
Wkkkkwk
Kabeh tak anggep komandan
-
18 Juni 2017
ANGGORO118 tulis:
Kabeh tak anggep komandan
Aku yo nganggep koe Ndan kok,......
Nadian edan tetep klimis,hehehe
-
18 Juni 2017
TORO617 tulis:
Aku yo nganggep koe Ndan kok,......
Nadian edan tetep klimis,hehehe
iki tunggale mbendan...mbendel edan
-
18 Juni 2017
HARDIYANA688 tulis:
iki tunggale mbendan...mbendel edan
Wkwkwk
-
18 Juni 2017
TORO617 tulis:
Aku yo nganggep koe Ndan kok,......
Nadian edan tetep klimis,hehehe
Klimis kui jenenge dino bar rebo yo mas?
-
18 Juni 2017
aku dielokne koncoku edan, mergo cengengesan dewe ning ngarep hp moco postingan ki mau...
:"):"):"):"):")
-
18 Juni 2017
ANGGORO118 tulis:
SeTo ki Selly Toro..
Cie.... Cie... Prikitiewwwww
-
18 Juni 2017
HARDIYANA688 tulis:
Sugeng enjing...ampun kesupen ngibadahe yo..
mugi Gusti Yesus paring berkah lan jodo..menawi dereng angsal jodo nggih ditengga mawon kanthi sabar lan bingah
Siapppppp..... Wawawakkkkk
-
18 Juni 2017
ANGGORO118 tulis:
Klimis kui jenenge dino bar rebo yo mas?
Gf...gagal fokus kie uwong....
-
18 Juni 2017
BAGUS901 tulis:
aku dielokne koncoku edan, mergo cengengesan dewe ning ngarep hp moco postingan ki mau...
:"):"):"):"):")
diloke edan kok malah seneng..brati bener ?? hahahha
-
18 Juni 2017
MIRA424 tulis:
Siapppppp..... Wawawakkkkk
mbak Mir karo mas Bagus kok model potongane memper/mirip yo..
-
18 Juni 2017
BAGUS901 tulis:
aku dielokne koncoku edan, mergo cengengesan dewe ning ngarep hp moco postingan ki mau...
:"):"):"):"):")
Wkwkwk.. sampean overdosis vitamin e
HaHahah
-
18 Juni 2017
SELLY186 tulis:
Wkwkwk.. sampean overdosis vitamin e
HaHahah
la nek iki contoh overdosis panili ma baking soda..campur vermipan
-
18 Juni 2017
SELLY186 tulis:
Wkwkwk.. sampean overdosis vitamin e
HaHahah
vitamin e....edan...
wakakaka...
-
18 Juni 2017
HARDIYANA688 tulis:
la nek iki contoh overdosis panili ma baking soda..campur vermipan
vermipan ki ap Mas?
-
18 Juni 2017
BAGUS901 tulis:
vermipan ki ap Mas?
fermipan ky bahan go gawe kue
-
18 Juni 2017
Sakwijining dino jam 01.00 ono pak RT, hansip, jarwo lan paijo lagi kongkow2 ning pos ronda..
Monggo cussss diwoco..
Ngapunten nek ono kata2 sing rung disosor eh disensor..
Guyonan disik nggo tombo ngantuk..
Paijo: (karo klangopan) Uangop... Ngantuk puol iki, mripatku sepet rasane
RT: Ngopi disik, Jo
Paijo: Sampun telas kopi rong gelas, pak. Tapi kok ngantuke sek mboten ilang nggeh?
Jarwo: Kopine guyangno raimu, ngko lak melek
Hansip: Bener iku. Raupo iki mumpung kopine sek panas
(kabeh podo ngguyu. Paijo tok sing mecucu)
Paijo: Weleh! Mlocot raiku
Pak RT: Makane, nek arep jaga ronda iku awane turu disik
Jarwo: Alasan mawon niku Pak RT... Asline Paijo iku kebelet pingin ngetap oli
Hansip: Bener iku. Paijo kan sek manten anyar. Sek kemaruk hahaha...
Paijo: (raine semu abang sajak kisinan) Kowe iki nek ngomong kok pas to, Wo...
Pak RT: Makane, awakmu ndang rabi, Wo. Ben ono sing ngenteni muleh melekan
Hansip: Najan durung rabi, Jarwo niku nggih wonten sing ngentosi kok, Pak...
Pak RT: Sopo?
Hansip: Coro (kecoak) kaliyan tengu teng jeding
Jarwo: Telek diremet-remet
Paijo: parikane metu. Artine opo iku?
Jarwo: Ngenyek ojo banget-banget
Pak RT: Ora ngenyek... Iku ngono ukoro penyebar semangat, ben awakmu ndang golek bojo
Jarwo: Sampun pados, Pak. Tapi sek dereng nemu sing cocok
Hansip: nggolekine salah tempat mungkin. Memang wis kok luru nong endi ae?
Jarwo: Nok rombengan. Kadang yo nok tempat sampah barang. Puas...?
Pak RT: Hahaha... ojo nesu
Paijo: Guyon, guyon... ngono wae baper
Hansip: Ngopi disik, ben ora salah paham
Jarwo: Iyo iyo... aku ngerti kok, iki mung guyonan nggo tombo ngantuk
Pak RT: Ngomong-ngomong, saiki lak jadwale Kang Sungib ngeronda. Lha endi wonge kok gak ono methungul blas
Paijo: Paling yo lagi ngumbah keris. Saiki kan malem jumat?
Jarwo: Pikiranmu iku nyelup keris tok wae, Jo Paijo... mentang-mentang pengantin baru
Paijo: Maksudku iku keris tenanan. Dudu keris sing kuwi. Pikiranmu iku sing ngeres
Pak RT: Bener. Wong Jowo iku sek nduwe kepercayaan, saben malem jumat legi wulan suro ngene iki pusakane kudu dikumbah karo kembang
Hansip: Ben kesaktiane mboten lungsur nggih, pak?
Pak RT: Cekno ora karaten
Paijo: Jarwo... Rungokno iku pituture pak RT. Tombakmu iku wis 35 tahun ora tau dicelup. Ati-ati teyengen lho
Jarwo: Haduh...!! Aku maneh sing keno
Hansip: Yo ngono kuwi nasipe wong jomblo, dibully terus hahaha...
(Pas jagongan gayeng, lha kok mambu aroma tak sedap. Kabeh podo nutupi irung)
Hansip: Asem! Sopo iki sing ngentut?
Pak RT: Wuek...!! ambune jian arum jamban
Jarwo: Mboten kulo lho, pak. Mentang-mentang jomblo ngko aku maneh sing diarani
Paijo: (karo mesem) Kulo pak sing ngentut. Duko niki, moro moro wetenge kulo mules sajak kebelet ngengek
Pak RT: Yo wis, ndang muleho, ngising disik kono
Paijo: Nggih, pak... (terus ngaleh)
Hansip: Nek wis mari kebelete ndang mbalek mrene maneh yo
Paijo: (soko kadoan) Yo, nek gak kebelet karo sing liyane
Jarwo: Semprul!
Hansip: Kepingin yo? Makane dikandani bola bali ora percoyo. Wong nduwe bojo iku lho kepenak
Pak RT: Bener, Wo. Umurmu saiki yo wis lebih dari cukup. Nek ora ndang omah-omah, selak keburu exspired
Hansip: Makanan keles, ono tanggal kadaluarsane hahaha
Jarwo: Nggih, pak. Wes, mangke pokoke wonten wong wedok lewat, langsung kulo lamar
Pak RT: Tenan iku?
Jarwo: Saestu, kulo nadar niki
(Tasan Jarwo mingkem, ndelalah ono wong wedok ayu kinyis kinyis mirip Syahrini teko nggowo nampan isine sak ceret kopi karo sak piring gedang goreng)
Cewek: (karo mesem ngelungake nampan) Monggo mas mas, bapak bapak... niki diunjuk kopine, kersane betah melek
Jarwo: (nampani nampan karo ndlongop saking kesengseme nyawang ayune bocah wadon iku) Nggih, mbak. Matur nuwun...
Pak RT: Sek mbak... panjenengan niku sinten? Kok dereng nate kepanggih nggih?
Cewek: Oh... tepangaken, nami kulo Sun Long Lay (ngulurake tangan gantian nyalami Pak RT, Jarwo lan hansip)
Hansip: Kok tangane adem, mbak?
Cewek: Nggih, mas... kulo grogi nyawang mas ganteng niki lho... (karo ngelirik Jarwo)
Jarwo: (irunge langsung mekar mergo kegeeran) Mbak niki saget mawon... oya mbak, jenenge kok apik temen. Sun Long Lay... keturunan Cina nggeh?
Cewek: (ora njawab, mung mesem tok)
Pak RT: (dehem) Ehem!! Jarwo... eling nadarmu mau?
Jarwo: (grogi) o... nganu, pak... njenengan mawon sing matur. Kulo isin pak...
Cewek: Mboten usah isin, mas. Ngendiko mawon wonten nopo?
Pak RT: Ngeten lho, mbak... Jarwo niki pingin gadah bojo. Nek njenengan purun, bade dilamar kaleh Jarwo
Cewek: (mesem genit karo nyedeki Jarwo) Saestu nopo, mas ganteng?
Jarwo: (gelagapan) ho oh, ho-oh....
Pak RT: Mbak Sun... nuwun sewu sak derenge. Kulo tanglet rumiyin... Daleme njenengan teng pundi to?
Cewek: Griyane kulo teng kulon kampung cedake prapatan, sebelahe wit ringin gede
(Pak RT, Hansip lan Jarwo kaget trus mbengok bareng): Iku kan kuburan?
Jarwo: (gemeter sampek kepuyuh): Dadi kowe iki....?
Cewek: Aku Sun Long Lay, mas... Sundel Bolong Alay....ihhxi xi xi xi....!!
Jreng jreng...!!
Jarwo, Pak RT karo Hansip mlayu sipat kuping: Hantu......!!
Cewek: (ngguyu kepingkel-pingkel) Rasain lo gua kerjain. Masa mereka gak ngenalin gue sih? Gue kan Markiyem, anaknya pak Sungib yang dari kecil ikut mama di Jakarta sejak papa mama cerai? Payah! Tampang aja sangar... Nyali ciut, coy!!
Tiba-tiba seseorang mencolek pundak Sun Long Lay alias Markiyem. Saat cewek cantik itu menoleh...
Jreng jreng....!!
Sundel bolong yang asli menyeringai seram dengan tawa ngikik panjang: Ih ih ih ih ih ih.....!! Ih ih ih ih.....!!
Markiyempun pingsan..
18 Juni 2017 diubah oleh ANGGORO118
-
18 Juni 2017
BAGUS901 tulis:
vitamin e....edan...
wakakaka...
Pelajarane wingi jek kelingan, jan berbakat tenan, ....
Berbakat edan,hehehe
Jek hobby mangan kebab ra ki, durung mblenger to,hhhhh
Istimewane tread kene di banding liyane, liyane dibully wes megap-megap ora karuan koyok ngentekno sambel okeh dewe, neng kene malah cengengesan lupute mbuli wong yo mbully dewe, hehehe.
Ben do kebal nek dibully ora gampang loro atinan termasuk neng dunia nyata.
Tapi pesenku neng dunia nyata yo ati-ati mergo ora kabeh uwong "doyan" candaan, hehehe
18 Juni 2017 diubah oleh TORO617
-
18 Juni 2017
TORO617 tulis:
Tapi pesenku neng dunia nyata yo ati-ati mergo ora kabeh uwong "doyan" candaan, hehehe
Aku pesen kebaf ra nganggo suwe ono ra kih?
Monyong2 dirungokkE pituturE sesepuh JK gaesssss..
siappp juragan..
18 Juni 2017 diubah oleh ANGGORO118
-
18 Juni 2017
ANGGORO118 tulis:
Aku pesen kebaf ra nganggo suwe ono ra kih?
Monyong2 dirungokkE pituturE sesepuh JK gaesssss..
siappp juragan..
aku pesenke pisan Bro... sayurne saithik, daging e sing uuuuaaakeeeh...
jo lali campuri mercon... ben rodok sangar...
-
18 Juni 2017
Iyo biasane neng inbok nek dibully langsung minggat...hahhahha ak nek mbuly kadang yo bangeten hihihi...
mbah Tor ak pesen sego pecel timur tengah wae enek ora..nek mangan kebab ora cocok malah masuk angin ilatku
-
18 Juni 2017
BAGUS901 tulis:
aku pesenke pisan Bro... sayurne saithik, daging e sing uuuuaaakeeeh...
jo lali campuri mercon... ben rodok sangar...
Langsung pesen juragan toro bro..
Sangar kih kuda liar eh limpung eh lumping..
-
18 Juni 2017
@Aang&Hulk
Nek kalian2 tak usahake sak isoku, nek nggo mercon tinggal ukuran piro trus sumpelke neng lambe banjur di sumet, hehehe.
@Yana
Mangan Kebab ilate masuk angin la ilatmu ilat kadal, hehehe
Sego pecel timur tengah po doyan aku wae ditawari ora gelem mergo sambele campuri iler unto,hehehe
18 Juni 2017 diubah oleh TORO617
-
18 Juni 2017
Wah kok nggilani men nganngo iler unto...marai mules..ra sido wae nek ngunu..jangan lodeh wae ak