Dating site Kristen pertama dan terbesar di Indonesia

Daftar sekarang secara gratis

JK Javanese

ForumCampur-campur

8976 – 9000 dari 49542    Ke halaman:  Sebelumnya  1 ... 359  360  361 ... 1982  Selanjutnya Kirim tanggapan

  • 21 Juni 2017

    Wah... mas Toro Ultah kie... bareng Pak Jokowi ultahe... pokokke doa seng apik2 wae  nggo mas Toro.. Berkah Dalem...

    MIRA424 tulis:

    Happy birthday mas toro.... Semoga cepat lulus JK..... Dan kita semua juga cepet lulus yo.... Hweee WYATB

    21 Juni 2017 diubah oleh NITA804

  • ANGGORO118

    21 Juni 2017

    NITA804 tulis:

    Akeh kerjaan kantor.... gawe laporan sek be  iso rampung sak durunge prei....

    Sipppp mbak

  • BAGUS901

    21 Juni 2017

    tuku santen ning suroboyo

    sugeng sonten sedoyo

    suroboyo dalanE kembar

    sedoyo apa kabar?

    dalan kembar nggo bakul kripik

    mugo² kabarE apik²

    suroboyo dalanE padang

    sedoyo sampun madang?

    dalanE padang tanduri klopo

    yen wes madang, lawuhmu opo?

    sambel klopo, dipangan karo muluk

    lawuhmu opo, aku tak njaluk...

    kacang koro, di bungkus katun

    iki udu ukoro, ugo udu pantun

    lawang koco, plipit kayu

    yen moco ojo ngguyu

    plipit kayu, kayune kayu trembesi

    yen ra ngguyu, kudu mbalesi

    nggodhog santen campur godong telo

    cekap semanten saking kawulo...

    dolang ning tonggo

    njaluk godong tales

    sumonggo

    dibales

  • 21 Juni 2017

    Amin, amin, amin

    Saiki umurku tambah, tetep lan kurang sekaligus, hehehe

    Ultahku podo presiden Jokowi, mau yo kontak-kontakan karo beliau,.... kontak batin, hehehe mbuh nyambung po ora. Kepingene ultah bareng presiden,...ngimpi,hhhhh

    Matur suwun, Gusti Yesus tansah mberkahi sedoyo, amin.

    21 Juni 2017 diubah oleh TORO617

  • 21 Juni 2017

    ELISA859 tulis:

    Sugeng ambal warso ya bro Toro,

    Ayo nang ke Kediri tak gawekne jenang abang,

    Nggawe jenang ki abot, kringete teng grobyos.

  • 21 Juni 2017

    HARDIYANA688 tulis:

    mbah Toro sugeng ambal warsa selamat ulang taon...mugi tambah diberkahi Gusti Yesus..lancar lan paring slamet tur cepet oleh bojo yo mbah ...kocomoto dibuka mbah hahaha

    Amin, nek tak copot kocomotone kuatir do belek`en,hhhhh 8-)

  • 21 Juni 2017

    BAGUS901 tulis:

    selamat ultah Mas roto... egh Mas Toro...

    wyatb yo...

    gek ndang lulus ko jk...

    Amin

  • ANGGORO118

    21 Juni 2017

    BAGUS901 tulis:

    tuku santen ning suroboyo

    sugeng sonten sedoyo

    suroboyo dalanE kembar

    sedoyo apa kabar?

    Ning bonbin nonton boyo

    Urip ojo digawe suloyo

    Ben entuk dalan sing jembar

    Ayo podo sing sabar

  • 21 Juni 2017

    MIRA424 tulis:

    Happy birthday mas toro.... Semoga cepat lulus JK..... Dan kita semua juga cepet lulus yo.... Hweee WYATB

    Amin

  • 21 Juni 2017

    NITA804 tulis:

    Wah... mas Toro Ultah kie... bareng Pak Jokowi ultahe... pokokke doa seng apik2 wae  nggo mas Toro.. Berkah Dalem...

    Amin

  • ANGGORO118

    21 Juni 2017

    TORO617 tulis:

    Amin, amin, amin

    Saiki umurku tambah, tetep lan kurang sekaligus, hehehe

    Ultahku podo presiden Jokowi, mau yo kontak-kontakan karo beliau,.... kontak batin, hehehe mbuh nyambung po ora. Kepingene ultah bareng presiden,...ngimpi,hhhhh

    Matur suwun, Gusti Yesus tansah mberkahi sedoyo, amin.

    Sama2 mas..

    Ojo lali tambah umur tetep disyukuri loh karo selaluh bahagiyahhhh..

  • ANGGORO118

    21 Juni 2017

    BAGUS901 tulis:

    dalan kembar nggo bakul kripik

    mugo² kabarE apik²

    suroboyo dalanE padang

    sedoyo sampun madang?

    Dalan kembar omahE mbak upik

    Mbak upik kabarE pancen apik

    Ning suroboyo ketemu mas dadang

    Dijak madang lawuhE rendang

  • ANGGORO118

    21 Juni 2017

    BAGUS901 tulis:

    dalanE padang tanduri klopo

    yen wes madang, lawuhmu opo?

    sambel klopo, dipangan karo muluk

    lawuhmu opo, aku tak njaluk...

    Klopo muda jenengE es degan

    Madang sego kucing karo juragan

    Karo muluk karo duduk

    LawuhE gereh,, nek pingin tinggal jupuk

  • ANGGORO118

    21 Juni 2017

    BAGUS901 tulis:

    kacang koro, di bungkus katun

    iki udu ukoro, ugo udu pantun

    lawang koco, plipit kayu

    yen moco ojo ngguyu

    Kacang koro mambu segoro

    Udu ukoro,, udu perkoro

    Lawang koco,, lawang sewu

    Nek aku salah,, nyuwun sewu

  • ANGGORO118

    21 Juni 2017

    BAGUS901 tulis:

    plipit kayu, kayune kayu trembesi

    yen ra ngguyu, kudu mbalesi

    nggodhog santen campur godong telo

    cekap semanten saking kawulo...

    Kayu trembesi kualitasE top

    Ngguya ngguyu karo ndlongap ndlongop

    Godong telo dirusak ulo

    Iki pantun saking kulo tiyang solo

  • ANGGORO118

    21 Juni 2017

    BAGUS901 tulis:

    dolang ning tonggo

    njaluk godong tales

    sumonggo

    dibales

    Duwe tonggo seling surub

    Mangan sambel wetengE mules

    Monggo kerso digawe guyub

    Ben ati ora ono sing ngenes

  • ANGGORO118

    21 Juni 2017

    Mas bagus..

    Ojo lali adus..

    Ben ra prengus..

    Koyo wedus..

    :-D

  • HARDIYANA688

    21 Juni 2017

    Hoooaaahheemm..nganti ngantuk nunggu traktiran sing ultah...jare arep menehi kebab...

  • MENUK766

    21 Juni 2017

    [nggeh mas amiiin

    Mas toro met ultah]

    ANGGORO118 tulis:

    hehe angker kene ki perlu kekebalan urip sing tenanan..

    sing penting kuncinE siji digawe wolesss ae,, konco2 kene apik2 og lan nyenengkeh..

    :-D

  • ELISA859

    21 Juni 2017

    Gawe jenang abang ki gampang mas,

    Mulakno pean nyango kediri,tak gawene jenang abang.

    TORO617 tulis:

    Nggawe jenang ki abot, kringete teng grobyos.

  • ANGGORO118

    21 Juni 2017

    ELISA859 tulis:

    Gawe jenang abang ki gampang mas,

    Mulakno pean nyango kediri,tak gawene jenang abang.

    TORO617 tulis:

    Nggawe jenang ki abot, kringete teng grobyos.

    Wis to mbah rasah kakehan alesan,,

    Arep abot,, kringetE gobyos..

    Koe gelem ra ning kediri arep digawene jenang abang karo mbak El??

    Hadeuhhh

    :-D

    21 Juni 2017 diubah oleh ANGGORO118

  • BAGUS901

    21 Juni 2017

    ANGGORO118 tulis:

    Mas bagus..

    Ojo lali adus..

    Ben ra prengus..

    Koyo wedus..

    :-D

    wkakaka...

    tuku jamu,  dikongkon boss

    pantunmu ancen jozz

    tahu bacem, bungkus godong pring

    jo lali mingkem, ben untumu ora garing

    usung² banyu, gawe kathok cekak

    ojo ngguyu, opo maneh ngakak

    lalapan tales, iwakne balur

    monggo dibales duluuuur...

  • BAGUS901

    22 Juni 2017

    ANGGORO118 tulis:

    Kayu trembesi kualitasE top

    Ngguya ngguyu karo ndlongap ndlongop

    Godong telo dirusak ulo

    Iki pantun saking kulo tiyang solo

    godong telo dirusak ulo

    mangan pecel kulupE sawi

    banyu siwalan aranE legen

    njenengan tiyang solo

    kulo saking ngawi

    ayo dolan ning sragen

  • ANGGORO118

    22 Juni 2017

    BAGUS901 tulis:

    tuku jamu,  dikongkon boss

    pantunmu ancen jozz

    tahu bacem, bungkus godong pring

    jo lali mingkem, ben untumu ora garing

    Ngombe jamu beras kencur

    Gawe pantun ning ngisor air mancur

    Mangan tahu bacem karo mesem

    Aku mingkem mergo ambumu kecut asem

  • ANGGORO118

    22 Juni 2017

    BAGUS901 tulis:

    usung² banyu, gawe kathok cekak

    ojo ngguyu, opo maneh ngakak

    lalapan tales, iwakne balur

    monggo dibales duluuuur...

    Banyu diusung², nganggo sarung

    Kowe ngguyu, aku nutup irung

    Ono tales, ono roti

    Urip kui ojo males, ayo podo sing setiti

8976 – 9000 dari 49542    Ke halaman:  Sebelumnya  1 ... 359  360  361 ... 1982  Selanjutnya Kirim tanggapan