Dating site Kristen pertama dan terbesar di Indonesia

Daftar sekarang secara gratis

JK Javanese

ForumCampur-campur

11751 – 11775 dari 49542    Ke halaman:  Sebelumnya  1 ... 470  471  472 ... 1982  Selanjutnya Kirim tanggapan

  • FAJAR882

    27 April 2018

    CHRISTIAN983 tulis:

    Tatas titis lan tetes..menika panjenengan dim

    namung taksih kirang satunggal..poya hoho menika werdinipun menapa horok..eeh horok ki basa apa ya..hehe

    Waduh.. menawi bab tetembungan "poya hoho" punika, kula malah dereng mangertos, Mas. Ketingale, saking ngelmu Jawi ingkang sak-klangkung sepuh malih, punika.

    Pangapunten Mas.. mboten ngertos kula.. Dereng gaduk pangertosan kula. Mbok, kula nyuwun warah, Mas. Punapa menika werdinipun tetembungan "poya hoho"?

  • CHRISTIAN983

    27 April 2018

    Hehe..menika ngaten namung 'basa prokem' anak2 muda jogja kog dim.kangge PR kemawon nggih hehe

  • FAJAR882

    27 April 2018

    CHRISTIAN983 tulis:

    Hehe..menika ngaten namung 'basa prokem' anak2 muda jogja kog dim.kangge PR kemawon nggih hehe

    Oo.. ngaten..

    Ahahah.. Inggih sampun, menawi ngaten, badhe kula kanthongi, kula lebetaken wonten tas lan buku-buku kula. Mangke kula ngupaya lan ngupadi, pados pengertosan bab tembung "poya-hoho".

    Inggih, matur nuwun Mas. Nyuwun tambah pangestu, mugi kula saget mundhi dhawuh Jengandika, saget'a kula manggih werdi, lan kasil anggen kula nggarap PR. :$) Hehehe..

  • CHRISTIAN983

    27 April 2018

    Lingsir wengi dimas,,kados2 sampun kraos ing nendra..hehe

    Bingah raosing manah,bilih saged pepinanggihan kaliyan adimas Fajar,sanadyan namung wonten ing ngriki(mriki??),sugeng dalu sugeng sare..Gusti tansah paring pangayoman ing kita sami..amin

    #sesuk sing dho maca mumet yo mumet'o dewe..emang gua pikirin hahaha.piss

    27 April 2018 diubah oleh CHRISTIAN983

  • FAJAR882

    27 April 2018

    CHRISTIAN983 tulis:

    Lingsir wengi dimas,,kados2 sampun kraosing nendra..hehe

    Inggih, leres Mas. Sampun dalu sanget, malah sampun meh wayah subuh menika. Kula piyambak ugi sampun kraos ngantuk. Sumangga, menawi sampun sayah. Ngaturaken sugeng ngaso kemawon.

    Bingah raosing manah,bilih saged pepinanggihan kaliyan adimas Fajar,sanadyan namung wonten ing ngriki(mriki??),sugeng dalu sugeng sare..Gusti tansah paring pangayoman ing kita sami..amin

    Pinuji-pujiya Gusti Ingkang Maha Agung!

    Puji sokur konjuk dhumateng Ngarsa Dalem Gusti ingkang Murbeng Dumadi, lan Maha Wikan. Ingkang sampun kersa tumedhak wonten ing alam donya, kanthi mangejawantah wonten Dhiri Pribadi Sang Kristus. Sri Yesus, Junjungan ingkang Ilahi, kanthi Asma Dalem 'Imanuel'; dados Juru Wilujeng, kang sinalib wonten bukit Golgota, kinurban-aken Rah-ipun ingkang Maha Suci, dados pambirat dosa kita sadaya.

    Mugi Berkah Dalem Gusti Yesus Kristus, tansaha linuberaken wonten ing gesang kita.. Tansah pinaringan'a sugeng, senggang, lestari, lan suka-basuki. Saha berkah karaharjan tumrap-ing gesang kita lan kulawarga agung. Widada, nir ing sambikala.

    Dhumateng para sadherek sedaya, lumunturing kawula dasih.

    Rahayu ingkang tansah pinanggih.

    Amin. O:)

    #sing dho maca mumet yo mumet'o dewe..emang gua pikirin hahaha.piss

    (#setuju.. Hahaha..)

  • SELLY186

    27 April 2018

    Mas Christian lan mas Fajar kromo alusan kweren👏👏👏

    Kados kulo niki saged e namung ngeh" mawon

    Dasar wong jowo ra njowo😂

    Ditangleti pakdhe petugas parkir bade ngalor nopo ngidul? Kulo jawab ngiler , ternyata boso kromo e ngalor niku ngaler hahahaha..

  • AGUNG870

    27 April 2018

    Kulanuwun...... sugeng enjang....

  • ANGGORO118

    27 April 2018

    AGUNG870 tulis:

    Kulanuwun...... sugeng enjang....

    Monggo..

    Pinarak mlebet mas

  • EKO789

    27 April 2018

    Pinarak metu

    ANGGORO118 tulis:

    Monggo..

    Pinarak mlebet mas

  • ANGGORO118

    27 April 2018

    EKO789 tulis:

    Pinarak metu

    Metu ning jobo opo jero?

    :-p

  • 27 April 2018

    CHRISTIAN983 tulis:

    #sesuk sing dho maca mumet yo mumet'o dewe..emang gua pikirin hahaha.piss

    Thorothokthok, eeeeeeee, terecekcek, gunung liwang-liwung bumi gonjang-ganjing. Pangestunipun kawulo menika poro kurowo mboten saget basa Jawi kromo, amargi mboten dhahar engkang alus-alus lan dhaharnipun mboten sekedhik-sekedhik namun sak pethutuk-pethutuk gunung (sapa dulu kurowo) mboten sami kaleh kaum ningratan (lampu abang ijo mungkin).

    Peace v

  • 27 April 2018

    ANGGORO118 tulis:

    Metu ning jobo opo jero?

    :-p

    Kamu dinjaba saya dinjeru ya mumpetnya:-D

  • ANGGORO118

    27 April 2018

    TORO617 tulis:

    Kamu dinjaba saya dinjeru ya mumpetnya:-D

    Mumpet ki opo to mase?

  • 27 April 2018

    ANGGORO118 tulis:

    Mumpet ki opo to mase?

    Sembunyi.:-)

  • SELLY186

    27 April 2018

    Jhihahaha.. mumpet😂

    Mumet tur mampet ta mbah hahaha

    Wes to ojo galau di tinggal mbak esther, ndang maem pohong keju maneh sing akeh ben kuat ngadepi kenyataan :-D

    Piss✌

  • 27 April 2018

    SELLY186 tulis:

    Jhihahaha.. mumpet😂

    Mumet tur mampet ta mbah hahaha

    Wes to ojo galau di tinggal mbak esther, ndang maem pohong keju maneh sing akeh ben kuat ngadepi kenyataan :-D

    Piss✌

    Halah, sisin sek ah.

    Ra nggowo sapu tangan opo tisu lap klambi wae, Sell klambimu nganggur rak:-D

    27 April 2018 diubah oleh TORO617

  • SELLY186

    27 April 2018

    Astaga.. sisin iku opo maneh yo😪😪😪

  • 27 April 2018

    SELLY186 tulis:

    Astaga.. sisin iku opo maneh yo😪😪😪

    Pilek trus dientoke, jane sisin opo sisi ya? Ketok'e sisi ya. Jadi malu akunya, hihihi. Yo sisin nek umbele sitik nek sisi okeh, (ngeles koyo ojeg):-D

    27 April 2018 diubah oleh TORO617

  • SELLY186

    27 April 2018

    TORO617 tulis:

    Pilek trus dientoke, jane sisin opo sisi ya? Ketok'e sisi ya. Jadi malu akunya, hihihi. Yo sisin nek umbele sitik nek sisi okeh, (ngeles koyo ojeg):-D

    Hahaha.. ambekan sing dowo sek to mbah ben gak blepotan ngomonge, sing tuenang dadi gak ngiSIn-ngiSINi

    Duh..😂😂

  • 27 April 2018

    SELLY186 tulis:

    Hahaha.. ambekan sing dowo sek to mbah ben gak blepotan ngomonge, sing tuenang dadi gak ngiSIn-ngiSINi

    Duh..😂😂

    Irung mampet piye ambekan dowone, sedot karo jet pump ben plong wae yo,:-D

    27 April 2018 diubah oleh TORO617

  • SELLY186

    27 April 2018

    TORO617 tulis:

    Irung mampet piye ambekan dowone, sedot karo jet pump ben plong wae yo,:-D

    Jet pump iku sapane jet li?

  • 27 April 2018

    SELLY186 tulis:

    Jet pump iku sapane jet li?

    Kembarane ora dempet:-)

    27 April 2018 diubah oleh TORO617

  • CHRISTIAN983

    28 April 2018

    Yawis saiki ngoko wae lah.

    Lha kui..ngoko..ngoko apa sing atos tur dawa/panjang..

  • NUGRA917

    28 April 2018

    Owww...tebih nggih...😁

    AYUSARI311 tulis:

    solo nipun laweyan mas Nugra

  • NUGRA917

    28 April 2018

    Sugeng enjang, sedherek JK sedoyo...

    Dhos pundhi pawartosipun?

    Mugi samiyo bagas kasarasan, siyap kagem tamasya pungkasan minggu tur pungkasan wulan guritno...

11751 – 11775 dari 49542    Ke halaman:  Sebelumnya  1 ... 470  471  472 ... 1982  Selanjutnya Kirim tanggapan